PEDOMAN PENGAMATAN & PERTANYAAN
PENGARUH WISATA PANTAI KARANGJAHE DALAM PERUBAHAN SOSIAL DESA PUNJULHARJO
- Membuat janji dengan informan
- Menyampaikan maksud dan tujuan
- Memposisikan diri yang sesuai dengan kesopanan dan kesantunan
- Menggunakan bahasa lokal setempat saat wawancara
- Mendengarkan, memperhatikan, dan tidak menyela
- Mengucapkan terima kasih dan kenangan"an
- Meminta No Hp jika perlu
- Dll
2. Biodata Informan
- Nyuwun sewu Buk/Pak/Mbah, nyuwun pirso asmane njenengan sinten?
- Yuswane njenengan pinten?
- Njenengan asli desa mriki nopo mboten?
- Nyuwun perso asmane garwane njenengan sinten?
- Merdamele njenengan kaleh garwane njenengan nopo?
- Dll
3. Asal‐Usul Nama Desa
- Buk/Pak/Mbah, Asal usul desa Punjulharjo niku pripun?
- Sinten pertama kali engkang ngasmani desa Punjulharjo?
- Teng mriki dukuhe wonten pinten? kok saged diasmani dukuh (…) asal usule pripun?
- Teng desa mriki niku wonten pundene nopo mboten? Yen wonten nopo mawon pundene? Asal-usule pripun?
- Dll
4. Keadaan Penduduk
- Ingkang manggen mriki pertama kali niku sinten?
- Keadaane penduduk jaman riyen kaleh sak niki niku pripun?
- Setiap griyo biasane dinggeni tiyang pinten?
- Kesehariane penduduk jaman riyen niki niku nopo?
- Dll
5. Tata Ruang Tempo Dulu
- Keadaane desa mriki jaman riyen kaleh sak niki niku pripun? Benten nopo mboten?
- Keadaane dalan jaman riyen niku pripun?
- Jaman riyen sak derenge didamel wisata karang jahe niku pinggir pantaine ditanduri nopo mawon?
- Teng mriki nate wonten bencana alam nopo mboten?
- Dll
6. Sumber Pangan
- Buk/Pak/Mbah, jaman riyen sumber pangane tiyang mriki niku nopo? Nopo petani, mbelah (nelayan), tambak'an, nopo ternak?
- Dll
6.1 Petani
- Buk/pak/mbah, biasane sek ditandur teng ladang niku mawon?
- Pripun carane nandur?
- Biasane hasil panene niku diagem pinyambak nopo disadhe?
- Menawi disadhe niku biasane penghasilane pinten?
- Menawi diagem piyambak (pangan) kiat pinten wulan?
- Mbah/Pak sawahe deso mriki niku sebelah pundi?
- dll
6.2 Mbelah
- Mbelahe tiyang mriki niku biasane nopo?
- Menawi mbelah niku biasane ngantos pinten dinten?
- Yen mbelah biasane angsal iwak nopo mawon?
- Biasane mbelahe ngagem prahu alit nopo ageng?
- Ngoten niku hasil mbelahe disadhe piyambak nopo disetorke?
- Mbah tiyang mbelah niki niku bagian nopo? Nahkoda nopo anak buah?
- Caranipun bagi hasil mbelahe niku pripun?
- Masakan Kuliner tiyang mriki niku nopo? Cara masake pripun?
- Dll
6.3 Tambak
- Buk/Pak/Mbah, Teng mriki niku tambake sebelah pundi?
- Tambak mriki biasane niku diagem uyahan nopo bandengan?
- Tambake wonten asmane nopo mboten?
- Toyo (air) tambake niku saking pundi?
- Jaman riyen kaleh sakniki niku wonten perubahan luas nopo mboten?
- Wonten perubahan pemilik nopo mboten jaman riyen kaleh sak niki? Wonten perubahan hak milik tanah nopo mboten?
- Yen wayah uyahan kaleh bandengan niku biasane musim/ wulan nopo? Ngantos nopo?
- Yen wayah uyahan/ bandengan niku hasile pinten?
- Carane ndamel uyah kaleh bandengan jaman riyen kaleh sak niki benten nopo mboten?
- Jumlah petani tambak bandeng, uyah, kaleh pekerja teng Karang Jahe niku katah pundi?
- Dll
6.4 Ternak
- Buk/pak/mbah, Ternake tiyang mriki niku biasane nopo?
- Ngoten niku pakan ternake saking pundi? Tumbas nopo golek pakan piyambak?
- Biasane hasil ternake niku diagem nopo?
- Dll
6.5 Buruh
- Pak/Mbah jaman riyen nggih mriki wonten ingkang buruh mbah? Biasane buruh nopo?
- Dll
7. Pemimpin Masa Lalu
- Buk/Pak/Mbah, Desa mriki sampon gantos pinten petinggi?
- Asmane sinten mawon? Asale saking pundi? Mbangun nopo mawon?
- Dll
8. Fasilitas Publik
- Buk/Pak/Mbah, tahun pinten listrik masuk deso mriki?
- Sak derenge wonten listrik desa niki ngangge nopo?
- Tahun pinten dalan mriki diaspal?
- Tahun pinten masjid niki dibangun?
- Buk/Pak/Mbah, teng mriki wonten sekolahan nopo mboten?
- Teng desa mriki wonten lapangane nopo mboten?
- Buk/Pak/Mbah, Kantor desane mriki niku sebelah pundi?
- Dll
9. PENGARUH WISATA PANTAI
9.1 Kegiatan masyarkat/pekerjaan
- Pak/mbah, warga teng mriki nggeh wonten damel teng Pantai Karang Jahe?
- Pak/Mbah, punika masyarakat karangjahe roto roto merdamel dados nelayan ?
- Pak/Buk/Mbah, wonten pinten jenise organisasi/kegiatan teng Karangjahe?
- Kagiyatan napa wae kang sering ditindakake teng masyarakat Karangjahe?
- Pemuda teng Karangjahe napa aktif nderek kagiyatan organisasi?
- Pak/Buk/Mbah, wonten pinten jinise organisasi/kegiatan teng Karangjahe?
- Dll
9.2 Penggunaan lahan
- Mbah ting mriki bangunan rumahe taseh tradisional nopo sampon modern?
- Mbah ting mriki wonten rumah sing bentuke joglo nopo mboten?
- Bangunan rumah ting mriki niku ngagem kayu nopo?
- Kok saget kepikiran mbangun rumah teng mriki pripun Mbah?
- Rata-rata bangunan rumah masyarakat mriki niku bentuk bangunane nopo mawon Mbah?
- Dll
9.3 Bentuk bangunan rumah
- Bentuk bangunan rumah mriki enten perubahan nopo mawon Mbah/Pak/Buk?
- Teng mriki wonten bantuan rumah sangking Pemerintah nopo bonten Mbah/Pak/Buk?
- Dll
9.4 Perabot Rumah Tangga
- Sak niki teng mriki yen ajeng masak tesih ngangge kayu bakar nopo sampun ngangge gas LPG mbah?
- Teng mriki wonten damel perabot- perabot rumah tangga nopo boten mbah?
- Dll
9.5 Pendidikan
- Teng mriki enten sekolah sebelah pundi mbah/pak/buk?
- Pripunkondisi pendidikan tiyang mriki pak/buk/mbah?
- Pak/Buk kepriye carane pendidikan mriki supaya dados maju?
- Nopo mawon kekurangan pendidikan tiang mriki pak?
- Nopo mawon masalah masalah pendidikan tiang mriki pak/buk?
- Dll
9.6 Perdagangan dan jasa
- Masyarakat teng mriki biasanipun dagang nopo mawon?
- Pak/Buk/Mbah, dagang ingkang paling laku niku nopo?
- Pak/Buk/Mbah, jasa seng paling katah niku nopo?
- Dll
9.7 Jenis mainan anak‐anak
- Pak/Buk/Mbah wonten pinten dolanan teng Pantai Karang Jahe?
- Nopo mawon jenis dolanan teng mriki?
- Caranipun ndamel pengunjung tertarik kaleh dolanan niku pripun?
- Teng Pantai Karang Jahe yen bade ngangge dolanan nopo kudu bayar riyen nopo gratis?
- Dll
9.8 Air Sumur dan Air Bersih
- Teng mriki toyo tasih jukuk toyo ledeng (PDAM), nopo taksih ngangge sumur biasa mbah/pak/bu?
- Teng mriki toyone lancar nopo mboten mbah?
- Teng mriki tesih wonten lepen/kali nopo mboten mbah/buk?
- Sangking pundi asalnipun toyo resik?
- Jenengan tau ngalami krisis toyo resik ing deso niki?
- Wonten saran Bapak/Mbah/Buk kangge njaga kasediyaan toyo ben resik Mbah/Pak/Buk?
- Yen toyo minum, saking sumur nopo tumbas galonan?
- Yen jaman riyin toyo minum saking sumur nopo sampun tumbas?
- Wisata Pantai Karang Jahe kan betahaken toyo katah, niku saking pundi?
- Yen usaha air, nopo mawon? Nopo usaha air minum? Nopo usaha air mandi dan wc?
- Dll
9.9 Kesehatan dan Persalinan
- Teng mriki wonten puskesmas nopo mboten Mbah/Pak/Buk?
- Sebelah pundi puskesmas niku Mbah/Pak/Buk?
- Teng mriki yen wonten nglahirke niku dilarike teng rumah sakit, puskesmas, nopo bidan mawon mbah?
- Teng mriki fasilitas kesehatane nopo mawon ingkang wonten?
- Teng mriki wonten mboten tanaman utowo iwak-iwakan ingkang saged didamel obat?
- Dll
9.10 Kesenian
- Teng mriki wonten kesenian tradisi nopo mboten Mbah/Pak/Buk?
- Seni nopo ingkang jaman riyin wonten, tapi sak niki sampun mboten wonten?
- Seni nopo mawon ingkang jaman riyin mboten wonten, tapi sak niki wonten?
- Teng mriki yen tiap tahun sekali, wonten pentas seni nopo mawon Mbah/Pak/Buk?
- Kesenian nopo mawon engkang wonten mriki Mbah/Pak/Buk?
- Mbah/Pak/Buk warga wonten mriki wonten ingkang nderek kesenian?
- Wonten deso mriki bocah-bocah enom podo nderek ngembangke kesenian nopo mboten Mbah/Pak/Buk? Kesenian arupi nopo mawon?
- Kepriye carane ngembangke kesenian niku mau wonten deso supoyo akeh engkang minati Mbah/Pak/Buk?
- Dll
9.11 Persoalan Masalah
- Teng deso mriki pernah mboten warga ingkang protes hubungane kalian dibikak Wisata Karang Jahe?
- Yen keluhan-keluhan warga sak bakdane dibikak Wisata Karang Jahe?
- Hubunganipun kalian warung teng pantai, wonten mboten warga ingkang protes? Pernah mboten peristiwa tukaran antar warga utawi warga kalian desa sebelah?
- Wisata Pantai Karang Jahe sak niki kan sampun rame, ngoten niku yen urusan pengelolaan sampah pripun?
- Menawi harapan, fasilitas nopo mawon ingkang dereng wonten teng pantai Karang Jahe?
- Harapan jenengan kalian kesejahteraan masyarakat, jenengan wonten usul nopo mboten perihal peningkatan kesejahteraan masyarakat desa niki?
- Dll